PARIKAN JAWA


 PARIKAN JAWA

Iwak pitik dhadha menthok
lungguh dingklik ndondomi kathok

Gatot koco mangan gombong...
he konco ojo mung ndomblong....

tuku klopo neng pasar loak
rondho ra popo sing penting penak...

Mangan soto imbuh brutu,
 krasa wareg langsung turu.
Tangi turu marani wong ayu.
Bareng wis ketemu tiba'e ''wah...sudah laku.

endok gemak bunder- bunder
kroso penak gayer-gayer

sego tanak lawui kecambah
bareng penak njaluk tambah

gak kurang sego.., gak kurang ketan...wakul kosong di kurepno....
gak kurang rondho..., gak kurang perawan...bojone uwong koq dikurepno...

Nasi Uduk Ikan Tongkol
Sambil Duduk Pegang Kempol

Good Morning Selamat Pagi
Untu Kuning Menawan Hati

Abang-abang Gendero Londo
Klambi Abang Seneng'e Sing Dowo

Mlaku-mlaku ketemu wit poh
Ape njupuk eh kenek penthung
Lek mlaku ojok gopoh-gopoh
Gak kethok watu eh, malah kesandhung

Numpak sepur nang tlatah Melayu
Pengene nang KL eh nyasar nang Bondowoso
Lek mangan ojok ngguya-ngguyu
Engkok kesereten kaet kroso

Polisi tidur dhuwur semene
Akeh montor wis ciblok kesandung
Parikane mek sik sakmene
Lek eleng maneh engkok tak sambung
Awan2 ojo menek kelopo
menek kelopo metik mung siji
jadi perawan ojo ngejek joko
joko ngono mengandung gizi

Kucing adus udane moro
Lek wis teles yo sisan diwisuh
Ojok percoyo ambek sing ngaku joko
Njekethek dhe'e wis anak sepuluh..

weruh mas Yono nganggo klambi ijo
ganteng tur yo masih joko
ojo ketungkul moro moro
 ndang mbojoo mengko keburu tuo

umbah-umbah cedak sumur
lemek kelir ijo abang
mergo gawe sak umur-umur
golek bojo ojo sembarang

yu juminten mbeber kloso
cekap semanten parikan kulo

nyangking ember kiwo tengen,
lungguh jejer tombo kangen

Jeng suminten gelar kloso
Dodol kupat neng gapuro
Dinten meniko sampun poso
kulo nyuwun pangapuro

onok ondo di gage pak gito
kulo lare jowobade pados konco

tuku manuk nang tambak....
turu maneh ueeennaaakkkk.....

wajik klethik, gula jawa
luwih becik wong prasaja

 
Lampu sentir lengone potro.
Tiwas naksir ra iso nggowo.

Tir podo irenge.
Sir podo senenge.

Tir di campur roti.
Sing di sir kok yo ra ngerti.

Tuku ali-ali nang banyu urip.
Ojo lali karo sing nggawe urip.

Munggah bayang mangan glali.
Wayahe sembahyang ojo nglali.

Menyang besan nyangking peti.
Urip sepisan sing ati-ati.

Munggah gunung nyangking gabah.
Nyangking dandang isine glati.
Ojo bingung ojo susah.
Wis gek ndang nepakne ati.

Ngasak gabah wadai peti.
Wis ndang ibadah nggo sangu mati.

angkutan umum dadi becax
mbiyen premium saiki pertamax.

sore-sore golek beling,
ojo sampe golek ngisor pring.
sore-sore ono rondo kempling,
ojo sampe dikon jengking

nek tuku minyak yo malem kemis,
nek kroso penak ra gelem wis,..

awan  awan nongkrong ning prapatan,
yen golek prawan sing gelem dijak cipokan

Tuku suket sak gendhel skeet
Mlebune anget metune pliket..

Nyekel endas kiwo tengen
nek di gagas malah tambah kangen

dolan pasar tukune pecel,
ngisor puser modele munthel

goleko bojo wong magelang,
dimag-meg pegele ilang

jangan semur go madang lemper,
didemek duwur seng ngisor ngiler

.godhong preng tibone garing,
tiwas dijengking kok metune kuning

suwe ora jamu,
jamu sogok tuntheng
suwe ora ketemu,
ketemu pisan kok wis meteng

suwe ora jamu,
jamu godhong pelem
suwe ora ketemu,
ketemu maneh wis nang sarkem

Suwe ora jamu,
Jamu godong tela
Suwe ra ketemu,
Temu maneh lha koq wis randa.

Suwe ora jamu
Jamu godong cocor bebek
Suwe ra ketemu ..
Temu mane koq wis tuwek.

mbedil bulus karo ngamuk
bulus luwe di pakani krupuk
bareng sadar nek sing di elus manuk
soyo gemes trus di tubruk

es buah rasane legi
tuku siji diombe sore
wegah ah aq wedi.
mesthi ono penyakite.

tuku wedi nyang pasar pariaman
nek sampean wedi yo nganggo pengaman

Bob Tutupoli nembang kroncong
Kiwo bal poli tengen bal pingpong

Sego kucing merem mangane
Bojo plencing ono tanggane

9 komentar:

Anonim mengatakan...

Hahahaha... kerena banget Pantun jawa lucunya!!! Salam kenal ya :)

Pratman mengatakan...

mantab bro

Unknown mengatakan...

Mangan telo godhok rokokan ngopi
Parikan'ane cocok isuk-isuk ngenek iki
#joss

Rochmat mengatakan...

Joss

Blog Interactif mengatakan...

Preng cagak radio. Tambah miring tambah jero

Unknown mengatakan...

Boleh di copas ga bung parikane? nyuwun ijin.

Kali Jogo mengatakan...

Sip sip sip.... iso gawe guyu kang

Kali Jogo mengatakan...

Sip sip sip.... iso gawe guyu kang

Anonim mengatakan...

_.dope.wolf._ hiiiii...... Have a nice day